Tema :
Kekancan
Alur :
Maju
Tokoh :
1.
Sule as Novita
2.
Ibuk e sule as Bella
3.
Bapak e Sule as Dewi Putri
4.
Reg as Ratna
5.
Vega as Safa
6.
Asri as Sida
Konflik
: Keluargane Sule bangkrut
Latar : Sekolah, Omah, Dalanan
Amanat : Yen dadi wong iku
kudu iso bersyukur karo opo seng di nduweni saiki, amergo ijek akeh uwong seng
luweh susah timbang adewe.
JUDUL : Sombong
iso ngrusak kekancan
SOMBONG ISO
NGRUSAK KEKANCAN
Sule , Asri ,Rege,lan Vega uwis
suwe dadi konco. Cah papat kuwi dasare anake wong sugih. Kerep jajan
bareng-bareng kerep seneng-seneng bareng. Ananing ,, kabeh dadi maleh pas
bapake Rege bangkrut.
Neng
ruwang kelas pas agek piket.
Rege
: Man, , , aku, ennntuk njaluk tulung ra’
Suleman : (etok-etok ra krungu)
Rege
: wee..!! man! Njuk tulung entuk raa?! Tulung balekno sapu iki sisan ,
kowe yo wis rampung nyapune too..!
Suleman
: appa. .! mbalekke. . ra suddi. !
Rege : asem ik, kowe i bar mangan opo to Man. Ko
ndengaren Jutex men karo aku. .
Suleman : arep
ngoppo. Mangan opo yo uduk urusanmu!! Wis minggiro kono!
Asri : wis-wis,
kowe i do ngopo to. Ko ‘ kerenagn wae. Nak eneng masalah ki yo mbok di omongke
apek-apek...
Vega : ho oh.
. . lha ngopo to Man , kok kowe koyo nesu karo Rege ngono.
Rege : (nyelehke
sapune) owwraa’ !soppo seng kondo. Awake dewe apek-apek ae to Man.
Suleman : Ra! Aku
saiki ra seneng karo kowe, kowe saiki mlarat, wis do minggir- minggir!
(Lungo neng mburi
karo nggowo sapu)
Asri : Sek
yo. . tak marani Sule disik ( Lungo)
Vega : (gedeg-gedeg)
Yo wiis. . . sante haeee. . pancen Suleki wonge ngonno. . Ra sah mbok pikir. .
Rege : Haaah. .ck . .laiyyo to Veg. Aku yo ra ngiro
suleman ngono. Jebolno wonge sombong banget.
Vega : ssst
ojo banter2 wonge ndak krungu.
(KRUNGU SUORO BEL) Ho.
.! wis bel. Gek balekno sek sapune.
Wis pirang-pirang ndino Rege
karo Sule ora dolan bareng. Sule milih dolan karo Asri lan cah sugeh-sugeh
liyane. Terus, sak wijine esok
Asri : Sul,
kowe ngerti ra’
Sule : oppo !
Asri : Aku
nduwe Hp anyar . lho iki. . isoh di pencet – pencet layare lho, kowe Ra nduwe
to. .
Sule : eh. Ho
oh apike, oppo merk e. Regane piro?
Asri : iki
Hp **** **** Regane murahh. . mur Rp. 6.789.000,-. Smart
phone lho iki.
Narator
: padahal kuwi mur seng nyileh. .!
Sule : Halah. Mur semono to regane . kecil no.
Bapakku kan bozzz . .
Asri :
(Kaget) wuss. .! elok tenan . yo wis sesok tukuwo yo, seng luwih apek soko iki.
Sule
: (Dg Pdne sule ngomong. . . . .)
iyyo. .gampang . . bisa
diatur . .
Asri :
hallah . .!
Wektu mUleh sekolah. Suleman wis
tekan ngomah. Terruss . . . . langsung . . . .
Sule :
Pak, pak e tukok ne Hp! !
Bpke : heh!
Oppo! Nyerako rene!
Sule : pak.
Anu . .tukok ne Hp Pak. .
Bpke : oppo!
Tuku Hp! Meneh! Lha Hpmu seng kuwi arep kok nggo oppo.
Sule : iki.
. .kurang apek,. . ungsume saiki Hp seng isohdi pijet layare. .
Bpke : ( njane arep nganndani, neng ora kuwat, dadi
bpke nyeluk ibuke. . )
Buk . . .! buke. . . .
Mboke : yo. .
kosek . . enek oppo to pak. .
Bpk : (ngei
isyarat) kandanono anakmu kono . .!
Mboke : lLee
. . ., ngene lho. Takkandani yo. Neng ojo kaget!
Sule : enek
oppo to Buk?!
Mboke : piye
yo( menghirup napas panjang. . ancang- ancang. .siap. . Yakk!) Bapakmu ki agaek
eneng masalah eneg kantore, eneng klienne bapakmu seng wis marai rugi
perusahaan. .
Sule : maksude . .
Mbkke : yoo
. . kowe ra iso tuku Hp. Bapakmu kapusan. . mulo awake dewe kudu hemat , ra sah
tuku sek ra penting. Omah iki, sesok kudu ditinggalke, keluarga iki kudu golek
omah seng luwih sedrhana . terus omah iki. Di dol.
Sule : OppO .
. .!! –OH tidak munggkiin . . .!!!- maksude bangrut.
(Ngawaske
drijine . . terus. .) ora urusan! Pokoke kudu tuku Hp! Titik!!
Bpke : ( Brakkkk!!) We!!, ra sah ngeyel,
mbok yo ngerti keadaane wong tuwo sitik ngono lhooo!
Sule
: neng . . . neng . . ak aku. .
Bpke
: ra enek neng-neng
an, pokoke kowe kudu hemat!
Sule :
asem!(lungo neng kamare)
Bpk :
we, ngomong oppo kowe. . (lingguh)
Kurang ajar banget cah
kuwi . .!
Bpk :
salahe soppo seng manjakke. . banget2
Bpke lan Mboke : (melepaskan napas
panjang. . . siap. . yak .!) Haaa a a a a a . . . .
. . . . .
Bpke : mboke,
piye nek saiki ngejak sule neng “ ngenndi” ngono?
Mboke : Lha
neng ngendi. .?
Bpke : wis
kuwi rahasia. Pokoke celuken Sule, nek ora gelem kondo wo arep di tukokne Hp.
Mboke : yoo
. . . . . . . .
Mboke : Sule, rene osek le. . arep di jak bapk mu
Sule : yo (
moro) arep sido ditukok ne Hp to Buk.
Mboke : yo
emmbuh, pokoke melu o bpk mu sek.
. . . . . . .
Suleman
karo Bapke numpak mobil
neng “ngendi” ngono. Terus , Sule mikir. . Lho kok aneh, ambune ngapusi iki. .
Sule : (miduk
soko mobil), lho kok rene ngopo rene, ora arep teku Hp to.?
Narator : mesti do penasaran to
iki neng ngendi, yo wis, wis saate tak kandani. Asinooo. . iki neng
perkampungan pemulung)
Bpke : cobo
deloken uwong-uwong kuwi. . saben dino kerja keras gor dinggo Madang, awake
dewe kudune ber sukur wis urip kecukupan saben dino. Kowe kudune ngerti , uwong
–uwong iki ora saben dino iso mangan, sok2 mangan mor nganggo sego aking. Tak
kandani yo lee. . urip ki ora mesti neng nduwur terus utowo neng
ngisor terus. Nek awake dewe tau sugeh, awake dewe yo kudu siap
dadi mlarat. Ngerti. . .
Sule : . .
. . . ngrtos pak. .
Bpke
: ngerti tenan rak?!!
Dadi sido tuku Hp ra’?!!
Sule : mboten
mawon pak. Pak . kulo nyuwun gapunten geh pak.
Kulo pun sadar. .
Bpk : lha
ngono no, yo tak ngapuro, ra po po, neng ndengaren kowe nganggo boso kromo karo
bpk he le??!
Sule mikir nek sesok arep njaluk
ngapuro karo Rege lan dadi koncone meneh.
Esok
wis teko, pas arepe bel masok. .
Sule : Rege,
!
Rege : ngopo
lee. Jarene ra pengen kenal meneh karo aku. .
Sule : s
sopo seng kondo??
Rege : yo wis
arep ngomong opo?!
Sule : ngene.
. anu. . a aku . .njaluk ngapuro yoo . .(karo ngejak salaman)
Rege : Ra’!
Ra nduwe ngapuro!
Sule : Ha!
Rege : Ora-ora,
mur gojek, yo genah tak ngapurolah.(nggegem tangane Sule)
Vega : Lha
mbok ngono. . mung konco kak mbiyen kok arep mungsuhan. . ho oh ra Sri .
.
Asri : yo . . ho oh! Terus kowe sido tuku Hp ra’?
Sule : Ora
kok Sri. Eeem. . Bapakku kapusan. Saiki keluarga ku lagi krisis. .
Asri : Oowwww
Rege : Ho oh
To Le, yo wis ra popo. Sante ae. Mesti enek “jalan keluare” pokoke gawe kepenak
ae. .
Sule : Bener
kondomu Ge. .
Teett.
. .Teett. . bel mlebu
SEKIAN.
MATURNUWUN.